Minggu, 20 Februari 2011

SIL-SILAH AJARAN

ASAL-USUL AJARAN KUNCI URIP
PAMBUKO ROSO PENGHAYAT KAPRIBADEN

SEJARAH SINGKAT AJARAN KUNCI URIP PAMBUKO ROSO

PENDAHULUAN


            Terima kasih kepada semua kadang-kadang kasepuhan gelar dan gulung Pengahayatan Kapribaden (Kunci Urip Pambuko Roso) yang telah membimbing kami dalam penulisan buku ini. Sehingga jadilah sebuah buku yang tebal dan berjudul “Panuntun Laku Lan Tumindake Kadang”.
            Tujuan pembuatan buku ini adalah agar :
1.      Laku dan tumindake kadang-kadang setiap harinya tidak menyimpang dari bebeneran dan kebaikan untuk bersama.
2.      Agar semua kadang-kadang selalu ingat dan mengetahui bahwa sebuah kebenaran, kabaikan, kajujuran adalah pedoman untuk menjalankan hidup sehari-hari yang tidak bisa ditawar-tawar lagi.
3.      Diminta semua kadang-kadang setiap harinya dalam melakukan apa saja supaya berpedoman dengan tumindak laku sabar, narimo, ikhlas, ngalah, jujur, welas asih kepada sesamanya dan toto, titi, titis.
4.      Agar semua kadang-kadang selalu diberi dan mendapatkan pangesti dari Gusti Kang Moho Suci (Gusti Kang Murbeng Gesang) didunia sampai didelahan (akhir jaman).
5.      Membangun watak satriyo sampai biso mewujudkan watak satriyo sejati “sejatine satriyo” yang sebenarnya, yang sifat-sifatnya pantang mundur dan pantang menyerah untuk menghadapi segala sesuatu dalam hidupnya.

Demikian seklumit dawuh-dawuh yang harus diperhatikan oleh semua kadang dan penulis mohon maaf apabila ada kata-kata yang kurang pas. Karena bahasanya campuran, itu semua kurangnya dalam penguasaan bahasa Si penulisnya.

 SEKILAS SEJARAH AJARAN
             Setelah wafatnya Pak Semono pada tahun 1980 yang asmo satriyonya Heru Cokro Semono yang sekarang makam rogonya berada di Sejiwan Kabupaten Purworejo Jawa Tengah. Asmo kadang tinggal 2 (dua) yoiku Konto Rupo-Konto Warno, Konto Rupi-Konto Warni.
Baru pada :   
Hari                             ; Jum’at wage
Tanggal                       ; 01 Januari 2010
Tanggal Bulan             ; 15 Purnama bulan suro (jowo).
Jam                              ; 01.00 WIB (satu malam).
Pengesahan :
Tempat                        ; Dirumahnya bapak Samono.
Desa                            ; Balerejo
Kecamatan                  ; Kebonsari.
Kabupaten                   ; Madiun.
             Ada 5 (lima) orang kadang yang semuanya mendapatkan wahyu nggelar ajaran lagi yang disahkan oleh Kyai Semar Lurah Bodronoyo yoiku :
1.      Supardjo                            : Disahkan untuk memberi Asmo kadang baru (urusan gelar njobo) ajaran penghayat kapribaden.
2.      Samono                             : Disahkan yang tugasnya sebagai kasepuhan urusan gulung (kerohanian/ njero) ajaran penghayat kapribaden.
3.      Sarengat, Sunar, Suryadi  : Disahkan untuk membantu kelancaran kadang yang baru masuk ajaran. Menuntun laku agar ajaran yang diberikan tidak menyimpang dari semestinya.

Sedangkan sabdo-sabdo yang diberikan oleh Kyai Lurah Semar Bodronoyo sebagai berikut :
1.      Asmo putro mulai sekarang dan seterusnya tidak hanya dua tapi bebas setiap kadang tidak boleh sama asmonya.
2.      Persyaratan pemberian asmo sekarang ;
a.       Harus hafal betul kunci dan paweling dulu baru minta asmo.
b.      Membawa kembang telon yang baik untuk pengesahannya.
c.       Kalau bisa puasa dulu pas hari kelahirannya ngapit 1X sebelum minta asmo (puasa ini tidak harus). Apabila dilakukan akan lebih baik hasilnya.
d.      Pemberian asmo diusahakan malam hari jam 12 malam. Tempatnya pengesahan asmo ada 2 tempat  yaitu :
1)      Dirumahnya bapak Samono Balerejo Kebonsari.
2)      Dipendopo bapak Supardjo yang di Dilopo (rumahnya Desa Doho).

Ini sekilas sejarah pengesahan nggelar ajaran Romo “kunci urip pambuko roso” yang baru diterima oleh lima kadang itu yang menjadi dasar berani nggelar ajaran lagi.

TARAP-TARAP AJARAN KUNCI URIP PAMBUKO ROSO
1.    Pertama      = lakune  Kekadangan.
Kedua         = lakune  Kasatriyan.
Ketiga         = lakune Kapanditan.
Empat         = Lakune Kadewatan.
Limo           = lakune  Kasampurnan.
2.    Lakune ajaran kunci urip pambuko roso ana loro :
-        lakune  Gelar
-        lakune  Gulung
Ø  LAKU GELAR yoiku ragane putra tumindak apa wae aja males-malesan kudu ngerti tanggung jawape urip ana alam ndoya, samubarang tumindak kudu nganggo paugeran Kawicaksanaan sing maksute tumuju nentremake sekabehane. Sing baku sing penting sing pokok nentremake marang keluargane dewe. Laku lan tumindake ragane putra kabeh sabendinane kudu kena kanggo patuladan kena kanggo panutan  kang becik tumrap keluargane umume wong liya, sing nganggo pedoman watak satriya sejati lan sejatine satriya sing dasare madep – mantep – jujur karo awake dewe lan wong liya ;
Lakune watak satriya kudu eleng marang unen-unen, kudu ngerti karo pedoman :
a)         Sing sapa nandur bakale ngunduh panggawene dewe.
b)        Sing sapa utang bakale nyaur panggawane dewe.
c)         Sing sapa nyilih – bakale mbalek ake panggawene dewe.
d)        Sing becik bakele ketitik –sing ala bakale ketara dewe
Disuwun lakune putra sak bendinane sing ati-ati lan setiti samubarang tumindak .

Ø  LAKUNE GULUNG yoiku Ragane ojo nglalekake, ojo ninggalake, ojo mbuang ajaran kang wis disabdakake marang moho sucine dewe, kang wis dimanunggalake gelar lawan gulunge sing kaparingan asma putra yen nganti nglaleake mbebayani banget tumrap ragane putra dewe. Kabeh dawuh sing ana ajaran di gatekake sing temenan dilakoni sing temenan,aja mung yen eleng wae,aja mung yen longgar wae lagi di lakoni iku ora prayoga
CONTONE : Maos kunci siram jamas sak wayah-wayah diprayogakake sesaji dino senen paing, dilatih ragane melek sak jam rolas luwih apik.
Pikirane nalare rasane ngadepi pakewuh apa wae aja gampang bingung, aja gampang mutungan aja gampang nesu, aja gampang nyalahake sapa sapa, aja nyalahake ajarane. Sebab kabeh lakon kabeh laku sing diadepi iku kabeh kadang iku Maha suci dewe kang maringi kang nguji marang ragane putra tujuane supaya pinter supaya bandel kaya satriya sejati.
Yen ana pakewuh, yen ana lakon-lakon kudu dirasakake ana rasa sejatine, kudu digulung ana rasane. Aja ditampa karo angen-angen panca ndriyane lan budi pakertine, biasane malah kisruh ana pikirane dewe. Carane nggulung ana rasane karo nguda rasa ngene. Opoto sing isih kurang pas lakuku, ngendi ta sing isih kliru lakuku, sing ngendi to lakuku sing isih nyimpang karo unen-unen kunci, iki ujian sing ngendi to sing diujekake karo maha suci marang aku iki.
Yen ngadepi ujian ngadepi pakewuh yen ngadepi lakon umume radak ora mungguh ana pikiran ana rasane, ana ragane yen nyandung lakon-lakon kaya ngono iku sangune mung sing sabar anggone mikir, sing nrimo ditampa kanti ikhlas kanti legawa kanti lila. Dilakoni nganggo kawicaksanan sing tujuane nentremake sekabehane utawa ngrampungake masalah aja nambah masalah maneh. Sebab kabeh mau laku lakon maneka warna iku sing maringi sing nguji sing menehi yo Maha Sucimu dewe dudu saka wong liya utawa hak liyan.
 Ø  LAKUNE KEKADANGAN
Yen ana kadang lagi manunggal lagi kaparingan ASMO iku di sebut lakune isih Kekadangan. Lakune tarape kekadangan :
Lagi mapakake lan lagi nglungguhake Kuncine, asmone satriyane, pewelingi, mijil, singkire ana rasa sejatine gelar lan gulunge pribadine dewe. Sing mapakake lan sing nglungguhake iya Maha Suci dewe dudu kadang sepuh utawa dudu hak liyan, sing ngerti lan durunge lungguh mau iya rasane dewe . Biasane enggal kersa lungguh lan mapane kari nggone nglakoni, aja di lalekake, aja ditinggalake, aja ora dilakoni kabeh dawuh kang ana mau. Pikirane niate sing madep, sing mantep, sing legawa, sing ikhlas temenan anggone nglakoni kabeh dawuh kang wis di paringake marang putra kadang kabeh.
Contone sing kudu di lakoni :
Kuncine diwaos sesuai petunjuk sing ana. Siram jamase sak wayah-wayah, sesajine dino senen paing mijil sowan Ramane. Anggone nglakoni sing ikhlas sing legawa pikire. Temenan iku setitik conto lakune tahap kekadangan.  Sak banjure ngancik ana KASATRIYAN.
Ø  LAKUNE KASATRIYAN
Kasatriyan iki sak bare tarap kekadangan lagi ngancik ana KASATRIYAN. Lakune kasatriyan iki lakune rada sak wetara panjang utawa rada akeh tur ya ora enteng sebab lakune kudu bisa ngliwati kudu bisa naklukake angen-angen budi pakerti lan panca ndriya papat-papate atunggal iku kabeh bakal diuji  siji-siji marang Maha Sucine.
Angen-angen budi pakerti panca driya iku uga kena diarani :
1.    Arupa banyu ana wetan, putih warnane ana irung lungguhe.
2.    Arupa Geni ana kidul, abang warnane ana kuping lungguhe.
3.    Arupa angin ana kulon, kuning warnane ana mripat lungguhe.
4.    Arupa lemah ana lor, ireng warnane lungguhe wadah.
Sebab kabeh mau nguji dewe-dewe njaluk laku dewe-dewe. Iyo karo maha sucine bakal dilakokake dewe-dewe nganti bisa manunggal tekate, manunggal kekarepane, manunggal tujuane, bisa manunggal karo gulunge kabeh bareng, bareng nggayuh ketentreman , kabeh bareng-bareng nggayuh kasampurnan sejati. Uga kudu bisa manunggalake Gelar lan Gulunge.
Sing di karepake manunggalake  yoiku  pendawa iku lima nanging siji. lima pancer iku limo nanging siji angen-angen budi pakerti ponco driya iku papat kudu nyawiji. Dadi songo kudu manunggal dadi siji bebarengan mlaku tumuju marang katentreman lan kasampurnan sejati.
Lakune ajaran kunci urip pambuka rasa iku saka songo disik banjur wolu banjur pitu banjur enem banjur lima banjur papat banjur telu banjur loro banjur siji. Dadi soko nduwur banjur mudun-mudun kanti entek kari siji keno diwastani  asale urip bali marang urip, asale suci bali marang suci, asale wiji bali wijine jagat iku keno diwastani mapan ana kasampurnan sejati. Uga lakune sebagian dilakokake ana gelar, sebagian dilakokake ana gulung. Setiap tahapan lakon mengko ana bijine yen bisa jolos kanti apik bijine yo satus, yen lakune aggone nglakoni bener separo bijine yo mung seket, yen anggone nglakoni  kosong ora mlaku bijine yo nol putul. Kamongko kabeh tahapan lakon iku kudu bijine satus, yen durung antuk satus mesti wae mbaleni maneh nganti bener kabeh PR mau anggone nggarap nganti antuk biji satus. Mula welingku karo kadang kabeh aja samar, aja minder, aja mutung mengko Romo dewe kang ngatur, urip dewe kang ngagem kawicaksanan, moho suci dewe ngerti karo kekuatane ragane putro ora bakal dipekso, ora bakal dijlomprongake, ora bakal ditegakake. Kabeh bakal dituntun, kabeh bakal diduduhake marang katentreman.
Tengerane lakune watak kasatriyan :
1.    Ora ketang setitik nglakoni wirang lan isin.
2.    Ora ketang setitik nglakoni susah, bingung, jibek ana piker.
3.    Ora ketang setitik nglakoni rada rekasa ana bebane raga.
Lakon-lakon kaya ngono iku tujuane supaya kadang kabeh bisa ngrasakake dewe ora mung tembung jare kudu ngerti dewe bukti lan nyatane. Lakon-lakon kaya ngono iku kadang kabeh supaya ngerti yen slirane digembleng karo maha sucine supaya kuat, supaya tahan pukul, supaya ora cengeng, supaya ora kagetan, supaya ora gampang mutungan, supaya ora gampang putus asa, supaya dadi satriya sejati – sejatine satriya kang pilih tanding. Sebab ana unen-unen yen ora ngerti salahe ora bakal ngerti marang benere, ora ngerti susahe ora bakal ngerti marang bungahe, ora ngerti rekasane ora bakal ngerti marang penake.
Ujian liyane kayata :
Kesabarane uga di uji, narimone uga diuji, ikhlase uga diuji, welase uga diuji, asihe uga diuji, ngalahe uga diuji, kejujurane uga diuji, madep lan mantepe uga diuji kabeh mau ora ketang setitik dilakokake marang Moho sucimu dewe sing tujuane supaya ngerti marang bener klawan salahe laku lan tumindake satriya mau. Sebab yen durung ngerti benere kang sejati, slirane tetep diduduhake terus nganti ngerti temenan, nganti krasa anane sing bener mau.
Pepenget marang kadang sing wis lenggah ana laku kasatriyan :
Disuwun ragane putra aja seneng mijil, aja kerep MIJIL. Sebap yen kakehan mijil  lakune raga rada abot, sebab mijil iku panyuwunan, yen kakehan panyuwun ragane kudu laku lan mlaku supaya kaleksanan panyuwune mau, yen panyuwune akeh lakune uga akeh, sebab kelakone kabule sarane kudu dilakoni lan di goleki nganti tekan panuwune mau. Sebape lakune kasatriyan iku ana laku kang wajib kudu laku, kudu dilakoni koyoto :
-     Panyuwune kunci wis papat panuwunan
1.    Nyuwun pangapura.
2.    Nyuwun wicaksana.
3.    Nyuwun panguwasa.
4.    Kula nyuwun kangge hanyirnakake tumindak ingkang luput.
iki panyuwune kunci padahal kabeh panyuwun kelakone nganggo dilakoni kudu gelem mlaku supaya tekan nggone, sing dikarepake lakune panyuwun papat iki wae wis rada sak untoro abot, yen bisa aja ditambahi panyuwun sing saka mijil disik, mijile cukup mijil sing wis ana wae kaya mijil wajib, mijil siram jamas, mijil sesaji, mijil sowan rama wae wis cukup,

Lakune Kasatriyan yoiku sing baku kudu bisa nentremake keluargane disik lan tentreme pribadine dewe ora usah nentremake hak liyan disik yen durung bisa netremake keluargane dewe. Lan tujuane lakon utawa ujian-ujian mau maha suci mengku karep :
Ngeman marang ragane putra, nuduhake dalan kang bener marang awakmu, nuduhake dalan katentreman marang keluargamu kabeh, nuntun sliramu marang dalan anjok kasampurnan lan anjok marang katentreman, mula aja salah tampa, aja salah paham, aja salah panggraitamu. Sebap yen slirane manut, yen slirane madep mantep temenan anggonmu ngagem ajaran ora bakal rugi tembene, ora bakal  kuciwa mbesuke, ora bakal kesasar uripe, ora bakal kesusahan ana gelar lan ana gulunge nganti tekan ndelahan. Mengkone iku mau janjine URIP marang putra kadang kabeh, iku janjine Moho suci mu marang satriyamu, marang ragane putra .
            Sak banjure yen lakune KASATRIYAN wis jolos wis lulus kabeh kanti apik bijine , kanti biji memuaskan bisa ngancik ana lakune KAPANDITAN.
Ø LAKUNE KAPANDITAN
Lakune watak kapanditan wis samubarang kudu dipapakake kanti tumata kang bener, kanti pas ora kena nyimpang marang pranatan kang wis ana. Iki tak cuplik setitik kanggo ater-ater wae, kurang prayoga yen dibeberake ana kene sebab supaya ora kisruh lakune kasatriyan disik. Sak banjure yen lakune KAPANDITAN wis lulus, wis jolos kanti apik bijine, wis disyahake marang gulunge dewe banjur ngancik laku ana KADEWATAN.
Ø LAKUNE KADEWATAN
Lakune kadewatan kari ana pranatan  katentreman lan kasampurnan sejati. Sukur yen bisa ragane putra ana lakune KADEWATAN. Ragane putra isih sugeng soyo prayaga yen ora  nyandak umure, lenggahe ana gulung utawa ana alam langgeng wis disiapi palenggahan sing jumbuh karo labuh labete utawa sesuai karo pitukon laku lan tumindake ana kekadangan, kasatriyan, ana Kapanditane.
Iki setitik gegambaran pikolehe, pikantuke lakune putra kadang kabeh. Sing sopo gelem nyelengi bakale mbetok celengane, sing sopo gelem nandur bakale ngunduh, sopo sing gelem tuku bakale didoli sing sesuai karo gede cilike pitukon mau.