Kamis, 14 April 2011

RAWE-RAWE RANTAS MALANG-MALANG PUTUNG TUMUJU KATENTREMAN (NENTREMAKE)

RAWE-RAWE RANTAS MALANG-MALANG PUTUNG
TUMUJU KATENTREMAN (NENTREMAKE)

Watak Satriyo :
1.      Tembung rawe-rawe rantas malang-malang putung iku watak madep-manteb-tetep.
Madep yoiku ora owah, ora miyar-miyur.
Mantep yoiku tekat, wani, maju terus.
Tetep yoiku pedoman, patokan, kudu kasil.
2.      Watak satriyo yoiku kudu wani ngadepi pakewuh, kudu wani ngadepi rekoso disik, kudu wani utowo gelem ngadepi lakon-lakon sing diparingake marang Romone utowo Gustine dewe.
3.      Katentreman sing dikarepake :
a.       Ketentremane awake dewe.
b.      Katentremane keluargane dewe.
4.      Nentremake sing dikarepake :
a.       Nentremake sanak kadang mitro.
b.      Nentremake wong liyo.
5.      Conto laku katentreman lan nentremake :
a.       Kudu jujur, jujure jujur kabeh tumindak.
b.      Yen ngomong sing nyenengake karo sing dijak ngomong.
c.       Watake kudu biso sabar, narimo, ikhlas, ngalah lan welas asih.
d.      Iku watak satriyo lan ending kang sejati.
6.      Rawe-rawe rantas yoiku yen ono pikiran aras-arasen, pikiran ngganggu, yen ono pikiran menggak, yen ono pikiran ngajak olo, yen ono pikiran ngajak ora narimakake iku kudu dirantas, iku kudu dibrantas, kudu diilangi, kudu dikurangi, kudu dipeper, kudu dikendalekake soko awake dewe.
Carane :
Yen muncul pikiran-pikiran sing mbruwet, sing ruwet, sing mbingungake awake dewe cepet :
-        Siram jamas keparo sering-sering.
-        Moco kunci.
-        Mijil wajib.
-        Singkir.
7.      Malang-malang putung yoiku yen ono pikiran ngalang-ngalangi, pikiran ngendek-ngendeki, pikiran menggak karep, pikiran emoh diajak mlaku kabeh bebener, kabeh sekolah golek kaweruh becik enggal-nggal diputung, dipedot ojo ditutuke, ojo dituruti, ojo dibagehi akeh-akeh nemen. Enggal-enggal balik karo kewajibane watak satriyo utomo, kanggo nggayuh wahyu ajaran, wahyu katentremane dewe.
8.      Bab wahyune putro romo satriyo :
Kabeh wahyu kang becik iku bakal disiapake marang kabeh kadang, bakal diparingake kabeh karo kadang putro watak satriyo karo romo niro, karo Sang Yang Tunggal mud ewe.
Contone :
-        Wahyune poro pendowo.
-        Anak-anak pendowo.
-        Kusire pendowo.
-        Eyang-eyang pendowo.
Kabeh mau cadangane poro putro kadang kang ngagem watak satriyo.
9.      Carane antuk wahyune romo :
-        Moco kunci ojo lali.
-        Jujur tenanan lahir batine.
-        Ajarane kanggo pedoman kan tenanan.
-        Resik pikirane, resik lakune, resik tumindake.
-        Nyambut gawe kang bener, ojo wegahan.
-        Samubarang diadepi karo pikiran sabar, narimo, ikhlas, ngalah, welas lan asih.
-        Ojo mutungan, ojo gampang sambat, ojo gampang ceklek atine yen nemoni lakon sing ora penak.
Iku setitik kanggo siap wadahe wahyu satriyo utomo, sebab wahyu sing diparengake wahyu kang suci, wahyu kang becik.
10.  Sing kagungan wahyu, sing menehi wahyu, sing wajib andom wahyu yoiku :
-        Yo Gusti Moho Suci dewe.
-        Yo Sangyang Tunggal dewe.
-        Yo Romo dewe.
Dudu soko hak liyo, dudu soko njobo asale, dudu wong liyo sing kagungan, ora liyo soko gulunge awakmu dewe, soko gaipe awakmu dewe, soko aluse awakmu dewe.
11.  Kabeh putro kudu perso yen sak jroneng awakmu iku ono roso sepuluh kabehe :
-        Sing papat ono gelar sedulur papat.
-        Sing limo ono limo pancer.
-        Sing siji yo moho suci utowo sangyang tunggal.
Dadi 4+5+1 = ono 10 roso.
Ugo keno diwastani :
Sing songo lungguhe ono babakan nowo songo, sing siji Moho Suci you rip, yo Romo, yo Sangyang Tunggal mud ewe.
La tugasmu yoiku nyampurnakake sing songo mau, nglungguhake sing songo mau.
12.  Tembung pat-mo-nogo iku 4+5+nogo. Manunggale kawulo lan Gusti, manunggale kiblat papat lan limo pancer.
Tembung nogo iku lakune wis digowo, wis mlaku utowo lungguh.
By : Supardjo
Alamat : Ds. Doho, Kec. Dolopo, Kab. Madiun

LUNGGUHE TEMBUNG-TEMBUNG SABAR, NRIMO, WELAS ASIH, IKHLAS, JUJUR

LUNGGUHE TEMBUNG-TEMBUNG SABAR, NRIMO, WELAS ASIH, IKHLAS, JUJUR


1.      Sabar lakune          : Mbudek, mbisu, micak.
Mbudek                 ; ojo ngrungokne sworo-sworo/ tembung-tembung sing marak ake ora nentremne marang keluarga lan awake dewe.
Mbisu                     ; ojo ngendikan sing ora nganggo waton maksute. Ngendikano sing ora marak ake sirike (larane) atine wong liyo.
Micak                    ; ojo mirsani alane wong liyo.

2.      Eling lakune            : Setiti, ati-ati, toto, titi, titis.
Setiti                       ; ojo kesusu.
Ati-ati                     ; samubarang dipikir disik kanti temenan.
Toto                       ; kabeh ngendikane tumindak ditoto disek.
Titi                         ; samubarang tumindak diteliti, dicek disik sak durunge.
Titis                        ; ora kliru, ora kliwat, ora mbleset.

3.      Narimo lakune        : Leggowo, ngerti, gulung.
Legowo                  ; ora miyar-miyur.
Ngerti                     ; laku kang bener.
Gulung                    ; kabeh sing wis kedadeyan ditompo karo rasane kang sejati, dudu rasane angen-angen sifat papat (sedulur papat).

4.      Welas asih sak podo-padane urip : lakune tresno ames nani.
Tresno                    ; kudu saling menghormati, saling asihi.
Anres nani              ; eling kabeh barang kang urip iku kagungane Gusti Murbeng Gesang, dadi urip iku podo ora ono bedane, sing mbedakne mung bentuk njobone.

5.      Ikhlas lakune : Biso nompo opo anane, opo sing wes diwenehne.
Biso nompo opo anane       ; yo iku bageanku ora luweh ora kurang.
Opo sing wes diparengne ;  yo iku ukuranku, yo iku kuwate wadah aku.

6.      Ngalah ning ojo kalah         : Andap asor, percoyo marang kang kuwoso, sumende.
Andap asor                           ; ojo njaluk menang dewe, ojo njaluk sugih dewe, ojo njaluk pinter dewe.
Percoyo karo kang kuwoso ; kudu njowo kabeh ono kang ngatur.
Sumende                            ;  pasrah marang panguasane Gusti kang murbeng gesang.
7.      Jujur temen-temenan lakune :   Ora keno goroh karo lakune dewe, ora keno goroh karo hak liyan.
-        Ora keno goroh karo awake dewe ; ojo dikoro Gusti niro ora pirso samubarang kang dilakoni rogo niro sak mbendinane.
Yen siro tumindak sing nerak karo dawuhe Gusti kang murbeng gesang iro. Rogo bakal oleh bendone, rogo bakal diajar karo rasane dewe.
-        Ora keno goroh (ngapusi) hak liyan ; ora keno ngapusi wong liyo, ora keno ngrugekne wong liyo, ora keno nyusahke wong liyo, ora keno nglarani wong liyo.

·        Laku lan tumindak kadang sak bendinane diusahakne dilatih soko setitik suwe-suwe dadi kebiasaan, dadi pakulinan. Yen wis kulino dadi laku kang baku, dadi pedoman kang baku.
·        Amargo laku iku kang bakal nuntun gelar-gulunge poro putro kadang kabeh marang lakune, laku kasampurnan ndonyo tekan delahan. Kabeh mau bakal antuk katentreman sak anak lab turune kabeh lahir lan bathine.
By : Supardjo
Alamat : Ds. Doho, Kec. Dolopo, Kab. Madiun

TUJUAN AJARAN PENGHAYAT KAPRIBADEN (KEJAWEN KEDEPAN)


TUJUAN AJARAN PENGHAYAT KAPRIBADEN
(KEJAWEN KEDEPAN)

            Nyuwun dateng ngarsane Gusti ingkang moho suci, mugio tansah dipun paringi reno lawan wing gesangipun :
Ø      Gelar, Lahir, Ndonyo :
1.      Kulo sak keluargo tansah pinaringan teguh, rahayu, slamet.
2.      Gampil angsal kulo pados sandang, pangan, papan.
3.      Tansah manggih, ayem, tentrem lan dipun pangestoni.
4.      Tansah dipun paringi sabar, nrimo, ikhlas, welas-asih, jujur, ngalah.
5.      Dadio satriyo sejati, sejatine satriyo utowo endang sejati.
Ø      Gulung, bathin, rohani, urep, romo :
1.      Pikantuk laku kasampurnan kang sejati (gelar-gulung).
2.      Dadio wijine jagat, gelar jagat gulung.
3.      Asale suci bali marang suci, asale urip bali marang urip, asalae kagungane gusti bali marang gusti niro.
Iku tujuane ajaran kunci urip pambuko roso (kejawen) sing disuwun kanggo laku marang alam ndonyane tumeko mbesok marang alam langgenge tansah manggih katentreman gelar gulung.
Sing disuwun biso’o marang ndonyane ora kliwat marang alam langgenge yo ora kliwat. Tansah pikantuko pengayoman Gusti moho suci gelar lawan gulunge.
By : Supardjo
Alamat : Ds. Doho, Kec. Dolopo, Kab. Madiun

TEMBUNG KAPRIBADEN

TEMBUNG KAPRIBADEN

1.    Sing dikarepake tembung penghayat kapribaden iku tumuju ono gulung, ono kasampurnan amargo ono alam langgeng, ono alam gulung iku hanane mung urip-roso-obah. Dadi ora ono bapak, anak, sedulur ora ono bojo ugo ora ono agomo, ilmu, kepercayaan, ora ono murid, ora ono guru hanane mung urip pribadi. Sing ono silsilah iku naliko isih ono gelar ndonyo iki. Mulo yen ragane wis mati kari uripe kang isih, rosone kang isih, obahe kang isih.
Mulo putro kadang kabeh kaparingan asmo gulung. Asmo iku sabdo, sebab asmo iku kanggo ono njero, kanggo ono gulung dudu jenenge ragamu. Yen jeneng iku yen ragane wis mati banjur ora kanggo dadi mandek tekan gelar wae. Dadi yen ragamu wis mati asmo gulung kang kanggo, mulo yen arso mijil asmo kang disebut sebab mijil iku soko njero metu. Tembung mijil iku miji, tunggal, mligi ugo keno diwastani roso pitu duwe panyuwun, kiblat papat lan limo pancere duwe panyuwunan bareng-bareng.

2.    Mulo kabeh kadang putro iki kudu dingerteni temenan tembung kasampurnan iki, sebab nggayuh kasampurnan iku ora gampang amargo kudu digayuh dewe, kudu dilakoni pribadi ora ono wong liyo kang biso mbantu, ora ono keluarga liyo kang biso mbantu, ora ono gurumu bakal biso mbantu. Iki lakune kapribadenmu dewe. Ujian diparingake, soal sing diparingake, PR sing kudu digarap ono alam ndonyo iku urip kang murbeng dat marang manuso. Wong urip iku kabeh :
a.    Bakal diuji           : Kesabarane.
b.    Bakal diuji           : Narimane ing pandum, ono kekuatane dewe.
c.    Bakal diuji           : Keikhlasane pikiran lan tumindake.
d.    Bakal diuji           : Welas (kawelasane) sak sak podo padane urip.
e.    Bakal diuji           : Asih sak podo-podone urip.
f.      Bakal diuji           : Kejujuranmu karo sopo wae termasuk awakmu dewe.
g.    Bakal diuji           : Madep, mantebe, toto titi titis lakumu.
Yen anggonmu nggarap bener kabeh, apik kabeh bijine kasampurnan jati cadangane. Yen anggonmu nggarap, anggonmu ngoleh-ngolehi bener separo. Yen ragane wis mati sing separo tetep digarap ono alam langgengmu nganti bener kabeh, nganti apik kabeh lagi mlaku ono kasampurnan jati.
Ono kene mapane tembung kapribaden kabeh laku lakon kudu dilakoni, soko pribadine dewe amargo urip, roso, obah iku tekane teko dewe, ora ono sing ngongkon, bali-baline yo dewe ora ono sing mrentah, ora ono sing meruhi teko lan baline amargo kabeh kersane urip dewe. Sebab panjenengan ingsun kagungan karso arso lenggah amargo ono urip kagungan karso, yen ora kagungan karso ora bakal ono.

3.    Mulo kanggone putro kadang kabeh ae yen biso setiyo tuhu marang sabdane urip, kudu ngerti marang panguasane urip, kudu bekti marang uripe dewe, kudu gelem nindakake opo kang kabeh didawuhake urip. Sebab sabdane urip marang manuso kabeh sopo sing salah tetep salah, sing luput tetep luput, sopo sing bener sopo sing gelem nglakoni opo dawuhe bakal ono upahe, bakal ono pikolehe, bakal ono sembulihe, bakal diayomi, bakal digendong karo uripe mulo lakune watak satriyo ojo samar, ojo gumunan ngadepi opo wae, ojo mutungan yen nemoni pakewoh.

4.    Dadi tembung kapribaden iku watake lakune urip dewe amargo ono dewe tanpo rewang, tanpo konco budal dewe bali yo dewe tanpo ono kancane.
Supoyo ceto anane ono pitakon :
-     Pitik karo endok iku tekane disik ngendi. Mesti wae disik uripe amargo yen ora urip disek endok mau ora biso netesake pitik, pitik yen ora ono urip ora bakal biso ngendok.
-     Sliramu sing nglahirake iku sopo jawabane sing nglahirake yo urip. Sebab yen ibumu ora urip ora bakal biso lahirake slirane semono ugo sing mbantu yen ora urip ora bakal biso mbantu nglahirake slirane. Iku setitik gambarane panguasane urip kang murbeng dat.
By : Supardjo
Alamat : Ds. Doho, Kec. Dolopo, Kab. Madiun